A.Pangerten geguritan
Geguritan
yaiku salah sawijining karya sastra gagrag anyar kang ora kaiket guru lagu,guru
swara,lan guru wilangan. Guritan iku rakitaning ukara kang mentes,ngandhut
wirama,dhong-dhinge swara,lan kentheling surasa. Rakitan ukara ing guritan
kudune luwih padhet tinimbang rakitan ukara ing gancaran. Kalodhangan kanggo
ngolah basa luwih longgar nalika gawe guritan tinimbang nalika gawe gancaran.
Mula,tundhone guritan sok,kerep,diarani luwih subyektif. Nanging,teori mangkono
iki dudu rega mati. Ana kalane guritan kuwi wujud rakitan ukara kang
wantah,enggal bisa ditampa makna kang dikarepake dening penggurite dening sapa
wae,senajan ora duwe pengalaman akeh maca guritan.
B.Struktur Batin guritan
Struktur batin guritan utawa asring sinebut
minangka hakikat guritan,nyakup bab-bab:
·
Tema
Tema yaiku salah
sawijining pokok perkara kang diandharne pangripta.
·
Rasa
Rasa yaiku sikape
pangripta marang underane bab kang dumunung sajroning geguritan.
·
Nada
Nada yaiku
sikape pangripta marang pamaos.
·
Amanat
Amanat yaiku pesen
utawa pitutur kang diwedharaake dening pangripta lumantar pamaos.
C.Struktur Fisik guritan
Struktur fisik guritaan terkadhang
sinebut uga methode guritan,yaiku sarana-sarana
kang digunaake dening pangripta kanggo
ndungkapake hakikat guritan. Struktur fisik
guritan nyakup bab-bab kaya ngisor iki:
·
Perwajahan guritan (tipografi)
Tipografi yaiku
wujud geguritan kayata kaca (halaman) kang ora dikebeki tembung-tembung wates
kiwo tengen,pengaturan gatrane,diwiwiti aksara kapitan lan dipungkasi tanda
titik.
·
Diksi
Diksi yaiku
pamilihane tembung kang ditindhaake pangripta sajroning geguritan.
·
Imaji
Imaji yaiku
tembung utawa dapukane tembung-tembung kan bisa nuduhake pengalaman indrawi
kayata pandeleng,pangrungon,lan pangrasa.
Imaji diperang
dadi 3 yaiku:
ü
Swara (Auditif)
ü
Pandeleng (Visual)
ü
Raba sentuh (Aktif)
·
Tembung kongkret
Tembung kongkret
yaiku tembung kang bisa ditampa dening pancadriya kang bisa nuwuhake imaji.
·
Basa figuratif
Basa figuratif
yaiku basa kang mawa tembung entar kang bisa nguripake efek lan konotasi
tartamtu.
·
Rima
Rima wujudake
purwakanthi (persamaan bunyi) ing geguritan.
D.Titikane geguritan
Titikane guritan nyakup bab-bab kaya ngisor
iki:
Ø Tembung-tembung
endah lan pinilih (nggunaake majas utawa purwakanthi)
Ø Ukara
lan isine menthes
Ø Bebas
Ø Pungkasan
ora kaiket utawa paugeran
E.Cara kanggo nggampaake nulis
geguritan
v Tentuake
luwih disik underane gagasan dening tema kang arep dirembug
v Yen
underane gagasan wes ditentuake banjur dimligiake
v Tema
sing wis dimligiake mau gaweo cengkorongane
v Saben
cengkorongan mau udalen mawa tembung-tembung lan tatanen mawa larik (gatra)
v Maringi
tanda jeda.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar