Kamis, 10 November 2016

Contoh Makalah Bahasa Jawa Ruwatan



MAKALAH BAHASA JAWA
UPACARA ADAT JAWA RUWATAN


Atur Pangiring
Puji syukur katur dhumateng Allah SWT kagem sadaya nikmat lan rahmatipun saengga kula sadherek saged ngrampungaken karya tulis punika, lan sedaya tiyang ingkang sampun mbiyantu ngawujudaken karya tulis punika.

Wonten makalah punika kula ngrembag babagan Upacara Adat Jawa Ruwatan. Ingkang wonten penggalih kula wonten mriku wonten pitedah-pitedah babagan Ruwatan.
Tentu kemawon kliping menika tasih wonten kirangipun. Dumateng para lebda ing prakawis menika, penyerat nyuwun panyaruwe saha pamrayogi amrih saenipun.

       Wasana, minangka pungkasaning atur, kulo gadhah pandonga mugi-mugi asupi Kliping Upacara Adat Jawi punika saged kangge liyantu nyekapi kabetatakan ing pawiyatan damel saening kliping punika kulo tampi kanthi damel remening manah. Mugi mugi kliping punika wonten manfaatipun kegiatan pesinaun Basa Jawi
Matur nuwun,

Bojonegoro,16 oktober 2016
Panyerat


                  





i
Daftar Isi
ATUR PANGIRING...............................................................................       i  
DAFTAR ISI...........................................................................................      ii   

BAB I PURWAKA
1.1  Lelandasane Panliten
1.2  Underane Panliten
1.3  Ancase Panliten
BAB II ANDHARAN
   2.1 Upacara Adat Jawa Ruwatan
   2.2 Paraga Sajrone Upacara Adat Jawa Ruwatan
   2.3 Piranti Lan Ubarampe Upacara Adat Jawa Ruwatan
   2.4 Reroncening Upacara Adat Jawa Ruwatan
BAB III PANUTUP
   3.1 Dudutan
   3.2 Pamrayoga

KAPUSTAKAAN
Lampiran.................................................................................................     iii










ii

BAB  I
PURWAKA
1.1         Lelandasane Panliten
Makalah iki digawe supaya kanggo nyedhiyani informasi bab Jawa ruwatan tradisi, kang isih malah sanadyan kaping iku supaya cepet. Ing jaman kang openness, lan ora ilang migunakaken dening umur, nanging dadi budaya bosok ing masyarakat Jawa lan tembung "budaya" punika istilah tegesipun ing jangkoan paling ekstensif lan sembarang layman kudu felt kanggo ngerti apa kang temenan bab "budaya" sing , nanging saben manggon iku miturut "rasa" dhewe sing lan ahlipun iki ora gampang kanggo nggawe wates utawa ukara sing puas lan ditrima kanggo kabeh katelu.Ukara Kathah iku tandha piye carane adoh-sik njongko aspèk sing ana ing definisi saka "budaya", kang ora kalebu aspèk ngenani manungsa liwat kreatifitas, rasa lan karsanya.
1.2    Underane Panliten
Sasampunipun kita maos lan mreksani wigatosing rembag, inggih menika babagan ruwatan, kita saged nemokaken masalah-masalah ingkang saged tuwuh saking pirembagan babagan ruwatan menika.
·        Apa pangerten Upacara Adat Jawa ruwatan?
·        Sapa bae paraga sajrone Upacara Adat Jawa ruwatan?
·        Apa bae piranti lan ubarampe Upacara Adat Jawa ruwatan?
·        Kepriye reroncening Upacara Adat Jawa ruwatan?
1.3   Ancase Panliten
Menawi khahanan menika mboten dipun ruwat ing tembe badhe woten bebaya ingkang nemai dateng tiang kalawau. Menika menurut budaya jawa kuno leres lan mbotenipun wallahuallam.Alasan kula sakanca damel makalah ruwatan menika kepengen sumerep utawi mangerteni budaya-budaya jawa lan kepengen ngelestariaken budaya jawa. Amargi budaya jawa sak menika sekedhik sampun ical saking bebrayan.Wasana mugi-mugi makalah ruwatan menika saged migunani dhateng sedaya bebrayan ing pasinaon.

1

BAB II
ANDHARAN
2.1 Upacara Adat Jawa Ruwatan
Ruwatan sampun wonten rikala jaman hindu lan budha, saking ukara ruwat ingkang artinipun luwar utawi luput. Ruwatan artosipu lepassake sedaya bebaya saking tingkah laku manungsa utawi kawontenan manungsa ingkang mboten pas kawontenanipun utawi kalunggahaipun ing tataran urip wonten bebrayan. Tiang ingkang nyandang nasib salah kedaden sinebut sukerta.
  Asal mula ruwatan ingkang di sebabaken saking birahi batara guru kalian garwanipun dewi uma. Ringkasan cerita Batara kala wonten ing kitab manik maya :
batara guru kepingin ngideri jagad kalian garwanipun dewi uma. Nitih lembu andini, iber ing nginggile samudera ngideri pulau jawa. Kaleresan wektu sampun surup surya, batara guru kagugah asmaranipun. Batara guru kepingin nyawiji rasa kalian garwanipun. Ananing dewi uma anglanggati, sebab rasa nipun ati taksih tebih saking kepinginan nyawiji rasa. Ananing betara guru mboten kiat nandang asmara, wiji betara guru kebacut medal lan kecemplung ing dasar ing samudra. Wiji nipun betara guru dados raksasa ingkang wusananipun dinamakaken betara kala. Batara kala nyuwun diakoni yogo kalian batara guru.
Dhaharanipun batara kala menika manungsa. Batara guru pranyoto maringi jatah dhahar batara kala kathah sanget anjalari tumpes ipun manungsa sadunia. Nglenggono kalepatanipun, batara guru ngutu batara wisnu sarto poro dewata mandap dateng donya nyameetaken manungsa. Batar wisnu pinangka dados dalang kandhabuwana lan para dewata pinangka dados pangrawit, kangge ngruwat manungsa ingkang dados daharipun batara kala.









2

2.2 Paraga Sajrone Upacara Adat Jawa Ruwatan
Paraga-paraga ingkang kabutuhaken wonten ing upacara ruwatan :
o   Tiang ingkang dipun ruwat. Tiang ingkang nandang sukerta antawis ipun :
o   Ontang-anting  yaiku anak tunggal lanang utawa wedhok.
o   Kembang sepasang yaiku anak loro wedhok kabeh
o   Sendhang apit pancuran yaiku lanang,wadon,lanang
o   Pancuran apit sendhang yaiku wadon,lanang,wadon
o   Uger-uger lawang yaiku anak loro lanang kabèh
o   Ontang-onting yaiku anak siji wadon
o   Pendhawa yaiku anak lima lanang kabeh
o   Kedhana-kedhini yaiku anak loro lanang wadon
o   Gondhang kasih yaiku anak loro beda pakulitane, siji ireng siji putih
o   Dhampit yaiku anak loro lanang wadon kang laire bareng
o   Saramba yaiku anak lanang kabeh,cacahe 4
o   Srimpi yaiku anak wedhok kabeh,cacahe 4
o   Mancalaputri yaiku anak 5 wedhok kabeh
o   Pipilan yaiku anak 5, sing 4 wedhok, lan sing siji lanang.
o   Padangan yaiku anak 5, sing 4 lanang, lan siji wedhok.
o   Julung Pujud yaiku anak sing lair pas matahari angslep.
o   Julung Wangi yaiku anak sing lair pas matahari njedul.
o   Julung Sungsang yaiku anak sing lair pas jam 12 awan.
o   Tiba Ungker yaiku anak sing lair, terus mati.
o   Jempina yaiku anak sing mati pas umur 7 sasi ning weteng.
o   Tiba Sampir yaiku anak sing lair kalungan usus.
o   Dalang
Dalang ingkang ngeruwat sampun mumpuni dalang sepoh ingkang nggadahi ilmu ruwatan. Dalang inggih menika pinangka lantaran sesambetan antawisipun dunia kasunyataan lan donia gaib.


3

2.3 Piranti Lan Ubarampe Upacara Adat Jawa Ruwatan
Ana pirang-pirang piranti sing kudu eneng ning upacara ruwatan. Piranti sing digunake miturut adat ning dianeake ruwatan kui. Antarane :
1.     Piranti kanggo nanggap wayang kulit purwa,lakon“Murwa Kala”,yaiku:
1.     Gamelan jawa
2.     Wayang kulit sak kotak,komplit
3.     Kelir utawa kain
4.     Blencong utawa lampu minyak
2.     Sesajen kang kudu disediaake yaiku:
1.     Tuwuhan,antarane ana gedhang raja sing uwes mateng lan apik,sing di tegor karo gagange,lan cengkir gading utawa kelapa enom,wit tebu karo godhonge,godhong ringin,godhong elo,godhong apa-apa,godhong serep,godhong alang-alang,godhong meja lan kara,lan godhong kluwih sing sakabehe ditali ngadhek ning cagak lawang. Nduweni teges dadi hiasan lan penyuwunan.
2.     Kembang mayang loro, sing uwis dipaes, diselehake ning mburi kelir kiwo lan tengen, kembang setaman ning bokor, diselehake ning ngarepe dhalang sing bakal dinggo kanggo ngedusi Batara Kala, lan wong sing diruwat.
3.     Geni utawa watu areng ning jero anglo, kipas, lan kemenyan sing bakal digunaake Kyai Dalang salebeting tanggapan.
4.     Kain mori putih kurang luwih dowone 3 meter, digelar ning ngisor debog panggungan saka kelir nyanti sak mburining kelir lan diwenehi kembang mawar ning ngarepe kelir nganti panggonan lenggahe Dalang. Dene ning mburi kelir pinangka panggonan lelenggahane Uwong sing diruwat kanti nganggo selimut kain mori putih.
5.     Gawangan kelir sisih nduwur, dipaes nganggo kain batik sing anyar, cacahe 5, antarane kain sindur, kain bango tulak lan dikei pari segedeng.



4

§  Macem-macem sega sing kudhu ana, yaiku :
1.      Sega Golong nganggo goreng-gorengan, pindang kluwih, pecel pithik, Nasi golong dengan perlengkapannya, goreng-gorengan, pindang kluwih, pecel ayam, sayur menir.
2.      Sega Wuduk nganggo iwak lembaran, lalaban, timun, lombok gedhe, abang lan ijo, brambang, lan dele ireng.
3.      Sega Kuning nganggo ondog pithik sing didadar, cacah telu, lan srundeng.
§  Macem-macem bubur/jenang, yaiku :
1. Jenang abang
2. Jenang putih,
3. Jenang kaleh,
4. Jenang baro-baro (bubur sing werna-werna).
§  Macem-macem jajanan pasar, yaiku :
Gedhang raja, jambu, salak, suruh sing dikei duwit, gula jawa, kelapa, jajanan arupa blingo sing dikei werna abang, kemenyan kembang, banyu sing diwadahke cupu, jarum lan benang ireng-putih, kaca cilik, kendi sing isine banyu, empluk (kacang ijo, dele, kluwak, kemiri, gereh, endhog pithik, dan duwit sak sen).
§   Piranti liyane, yaiku :
1. Benang lawe, minyak kelapa kanggo lampu blencong.
2. Arupa kewan-kewanan misale manuk dara, pithik, utawa bebek.









5

2.4 Reroncering Upacara Adat Jawa Ruwatan
Ø Nanggap wayang purwa kanthi lakon “Murwa Kala”
Kanggo keluarga sing ora mampu nanggap wayang, isoh ngundang dhalange wae, tanpa nganggo gamelan lan wayange. Dhalange iso crita wae babagan lakon “Murwa Kala”.
Ø Dhalang mau bakal mimpin upacara cukuran rambutlan siraman. Sing bakal nyukur yaiku wong tuwa saka anak sing bakal diruwat. Rambut sing dicukur bakal dilarung bareng karo sesajen sing disediaake.
Ø Kanggo syarat, dijukuk sithik wae geteh saka asal siale. Getheh kui bakal dilarung. Carane njukuk getheh yakui nganggo ri, trus dioleske ning kapuk putih. Ri karo kapuke mau dilarung karo:
1. Beras 4 kg
2. Slawat 1 Dirham (duit regane emas 1 gram)
3. Pithik
4. Teklek (sandal saka kayu)
5. Benang Lawe sagulung
6. Endhok pithik sing lagi metu, durung enek sedina
7. Gula setangkep (gula Jawa sapasang), gula pasir 1 kg
8. Rambut sing dicukur
9. Kelapa 1 cacahe
Kelapa, benang lawe, telur ayam, kapas lan ri dilabuh karo maca: “Ingsung ora mbuwang klapa lan isine, ananging mbuwang apa kang ndadekake apesing awakku”.






6

BAB III
PANUTUP
Bab III iki wujudake perangan pungkasan sajrone panliten. Perangan iki ngandharake rong perkoro,yaiku dudutan saka andharan kang dadi wangsulan saka underane panliten lan pamrayoga.
3.1        Dudutan
     Adhedhasar asile njlentrehake Upacara Adat Jawa ruwatan bisa didudut patang perangan. Sepisan,pangerten Upacara Adat Jawa ruwatan yaiku sistem religi ngantos sak menika taksih dipun percaya. Kagem sarana ngicalaken utawi mbebasaken tiang saking bebaya. Kapindo,paraga sajroning Upacara Adat Jawa ruwatan yaiku:1.)Tiang ingkang dipun ruwat;2.)Ontang-anting; 3.)Kembang sepasang;4.)Sendhang apit pancuran;5.)Pancuran apit sendhang; 6.)Uger-uger lawang;7.)Pendhawa;8.)Kedhana-kedhini;9.)Gondhangkasih; 10.)Dhampit;11.)Saramba;12.)Srimpi;13.)Mancalaputri;14.)Pipilan;15.)Padangan;16.)Julung Pujud.;17.)Julung Wangi.;18.)Julung Sungsang;19.)Tiba Ungker;20.)Jempina;21.)Tiba Sampir;22.)Dalang.
       Kaping telu,piranti lan ubarampe sajroning Upacara Adat Jawa ruwatan yaiku:1.)Piranti kanggo nanggap wayang kulit purwa;2.)Sesajen;3.)Macem-macem sega;4.)Macem-macem bubu/jenang;5.)Macem-macem jajanan pasar;6.)Benang lawe;7.)Arupa kewan-kewanan. Kaping papat reroncening Upacara Adat Jawa ruwatan yaiku:a.)Nanggap wayang purwa kanthi lakon “Murwa Kala”;b.)Dalang mau bakal mimpin upacara cukuran rambut lan siraman;c.)Kanggo syarat,dijukuk sithik wae geteh saka asal siale.
3.2       Saran
1.     Dibutuhake pemahaman masyarakat supaya luwih ngelestariaken tradisi nenek moyang kang wis suwe iki supaya masyarakat melu sedaya.
2.     kanggo nyengkuyung ngelestariake tradisi nenek moyang iki, supaya narik kawigaten masyarakat kanggo ndeleng prosesi  ruwatan sing identik karo pertunjukan wayang.
3.     wong kang sinau elmu agama kudune ora semena-mena,mula iku tradisi  iki wujudake tumindak musyrik nanging akeh wong sing nganggep bab kasebut minangka salah sawijining ragam budaya Indonesia.   
7
KAPUSTAKAAN












 8
 

1 komentar:

  1. Sangat membantu kalo boleh bagi dong kak untuk belajar email = fitrianingrumarumbia@gmail.com

    BalasHapus